Diqin ora bisa ndhelikake rasa gela atine. Ing longan. Ing ngisore lumpang watu. Apa ing sangisore kasur lan bantal. Rasa gela kuwi ora bisa mengkono wae didhelikake. Atine Diqin gela banget. Olehe nggadhang-nggadhang supaya bisa ketemu klawan Sri sang pepujaning ati musna kaya godhong garing kang ketiyup angin. Wis sewulan Diqin ora ketemu klawan Sri Rejeki, prawane Lik Arjo sing ayune tump…